Contoh Sambutan Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa, Ringkas dan Mudah Dihafal

- 11 Agustus 2022, 09:50 WIB
Contoh Sambutan Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa, Ringkas dan Mudah Dihafal
Contoh Sambutan Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa, Ringkas dan Mudah Dihafal /twibbonize.com

Para pangemban pangembating praja ingkang dahat kinurmatan, saha sedaya warga blimbing ingkang minulya, ugi dhumateng mudha mudhi ingkang kula tresnani.

Langkung Rumiyin sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya dipun keparengaken makempal wonten ing papan punika kanthi kalis nir sambikala boten wonten alangan satunggal punapa, saperlu badhe tirakatan Sumbing Sindoro

Baca Juga: 12 Contoh Poster 17 Agustus 2022 Desain Terpopuler dan Keren, Cocok Jadi Referensi Kegiatan HUT RI ke 77

Salejengipun, kula ingkang tinenggenah wakiling panitiya ngaturaken sugeng rawuh lan agenging panuwun, awit sedaya warga sampun paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon, murih saged kalaksanan ing adicara tirakatan Sumbing Sindoro ing wekdal punika.

Para Bapak, Ibu sarta kadang mitra ingkang satuhu bagyo mulyo, dene wosing gati wigatosing sedya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dumateng Gusti ingkang akaryo jagad, mugi mugi Kabupaten Temanggung langkung-langkung dusun Blimbing ing dinten dinten ingkang badhe dhateng saged manggih rahayu widada nir ing sambikala, tata tentrem kerta raharja tebih saking parang muka, saha para pangemabting praja pinaringan kekiyatan serta kawicaksanaan ingkang linangkung, saengga saged mujudakenbebrayan ingkang adhil makmur lahir lan batin.

Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokakenm pramila kanthi ngagunaken asamning Gusti Ingkang maha Agung , tirakatan ing dalu punika kawiwitan.

Baca Juga: Link Download dan Nonton Suka Duka Berduka Episode 8 Lengkap Sinopsis: Ending Keluarga Opa Rauf

Ing wasana, mugi keparengan lelenggahan kanthi mardikaning penggaling ngantos saparingpurnaning adicara tirakatan ing dalu punika. Namung kemawon, mbok bilih lampahing adicara punika kirang mranani, panitya nyuwun gunging samodra pangaksami. dene kula pribadi ugi nyuwun lumunturing sih samodra pangkasami menggah solah bawa dalah panantaning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katentokaken, pramila kanthi ngagunaken asmaning Gusti ingkang maha agung, tirakatan ing dalu punika kawiwitan.

Ing wasana, mugi keparengan lelenggahan kanthi mardikaning penggaling ngantos saparingpurnaning adicara tirakatan ing dalu punika. Namung kemawon, mbok bilih lampahing adicara punika kirang mranani, panitya nyuwun gunging samodra pangaksami. dene kula pribadi ugi nyuwun lumunturing sih samodra pangkasami menggah solah bawa dalah panantaning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

Halaman:

Editor: Rosma Nur Riana

Sumber: Portal Jember


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah