Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 dengan Bahasa Jawa Lengkap, Tema: Cerita Teladan Kesabaran Nabi Ibrahim

- 27 Juni 2023, 20:40 WIB
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 dengan Bahasa Jawa Lengkap, Tema: Cerita Teladan Kesabaran Nabi Ibrahim
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 dengan Bahasa Jawa Lengkap, Tema: Cerita Teladan Kesabaran Nabi Ibrahim /Unsplash.com/Masjid Pogung Dalangan

​​​​​​​Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107)

​​​​​​​Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Jamaah Idul Adha Ingkang dirahmati Allah

Baca Juga: Jadwal Imsak Puasa Arafah, Rabu 28 Juni 2023 Jabodetabek dan Sekitarnya

Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.

Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.

​​​​​​​Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.

​​​​​​​Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.

Baca Juga: 10 Ucapan Idul Adha 2023 Penuh Doa, Cocok di Kirim ke Keluarga hingga Dijadikan Status 

Halaman:

Editor: Nur Umar


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah