Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bertema Kisah Dibalik Kesabaran Nabi Ibrahim, Format Bahasa Jawa Lengkap

- 27 Juni 2023, 20:49 WIB
Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bertema Kisah Dibalik Kesabaran Nabi Ibrahim, Format Bahasa Jawa Lengkap
Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bertema Kisah Dibalik Kesabaran Nabi Ibrahim, Format Bahasa Jawa Lengkap /Unsplash.com/Raka Dwi Wicaksana

​​​​​​​Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro.

Lajeng Nabi Ismail matur:

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

​​​​​​​Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda’aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.

Baca Juga: 10 Ucapan Idul Adha 2023 Penuh Doa, Cocok di Kirim ke Keluarga hingga Dijadikan Status 

Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.

​​​​​​​Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ

​​​​​​​Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107)

Baca Juga: 3 Mie Ayam Lokal Trenggalek yang Murah dan Enak, Agenda Wisata Kuliner Jawa Timuranmu Makin Lengkap Bukan?

Halaman:

Editor: Nur Umar


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah